Dhinas Pendhidhikan Kabupaten Sleman ngadani Lomba gladhi kawruh lan ngudhar tembang macapat kanggo tataran SMP ing minggu kapindho sasi Januari taun 2024. Ancas Lomba iki yaiku supaya para siswa ing Kabupaten Sleman ora lali marang “Jawa” ne lan nuwuhake rasa tresna marang basa, sastra lan budaya Jawa.

Lomba dieloni dening kurang luwih 43 regu pasarta saka 43 sekolah ing Kabupaten Sleman. Kanggo nggrengsengake acara lomba kasebut, SMP Negeri 2 Sleman ngirimake regu pasarta kang dipandhegani dening Natasya Christiana (8f) saha minangka pangamping yaiku Christine Ayu Oktaviani (8F) lan Anindita Afnin (7B).

Lomba diwiwiti kanthi cara ngirimake video ngudhar tembang macapat menyang pangarsa panawung kridha lomba saka Dhinas Pendhidhikan Kabupaten Sleman. Asil video dibiji dening tim dewan pambiji, banjur dijupuk 30 regu pinunjul kanggo melu ing seleksi kapindho, yaiku seleksi tulis. Kabeh regu saka 30 sekolah mau diwajibake nggarap soal cacahe 50 kang isine babagan kawruh basa, sastra, budaya, kawruh bab Sleman lan sapanunggalane kanthi wektu kurang luwih 90 menit. Saka seleksi iki dijupuk meneh 5 regu kanthi gunggung biji paling dhuwur supaya bisa tumuju babak final. Ing babak final, ana telung perangan kang kudu ditindakake dening regu mau, yaiku mangsuli pitakonan wajib, pitakonan rebutan lan sing pungkasan nampilake meneh anggone nembang saha ngudhar kawruh tembang. Nalika rampung anggone ngudhar kawruh tembang, para pasarta uga wajib mangsuli pitakonan saka dewan pambiji babagan tembang kang dilagokake mau.

Saka dawaning tata cara anggone nyaring juwara lomba gladhi kawruh lan ngudhar tembang iki, ing pungkasaning lomba, regu saka SMP Negeri 2 Sleman kasil sasab minangka juwara harapan 2.

Selamat lan sukses kanggo regu SMP Negeri 2 Sleman. Kairing donga muga-muga asil lomba pisanan ing taun 2024 iki bisa dadi pecut kanggo ngasilake juwara ing lomba-lomba sabanjure. (mw)